Jumat, 26 April 2013

Ojo ngece by hip hop foundation

ojo ngece karo wong ora duwe
raja brana yen mati ora digawa
bebasan urip mung mampir ngombe
ngono kuwi jare bini sepuh kae

ojo ngece karo wong ora duwe
raja brana yen mati ora digawa
bebasan urip mung mampir ngombe
ngono kuwi jare bini sepuh kae

numpak sepur asepe metu ndhuwur
tiwas ajur mumur yen urip ora diatur
nek numpak motor asepe metu ngisor
urip ning alam ndoya kudu sugih andhap asor

nek numpak becak asepe metu telak
ojo ngguyu ngakak nek urip lagi kepenak
nek numpak andhong asepe metu bokong
ojo plenggang plenggong mengko mundhak kaya grandhong

dadi wong ojo rumangsa bisa
nanging uwong sing bisa rumangsa
wong sing becik simpena kebecikane
ngono kuwi jarene simbahku dhewe

rujak nanas pantes diwadhahi gelas
tiwas adhem panas sing digagas ora waras
nek rujak dondong pantes diwadhahi lodhong
ojo plenggang plenggong mengko mundhak kaya grandhong

nek rujak mayit lalapane rumah sakit
bingung golek duit ngurusi barang kejepit
nek rujak mayit lalapane rumah sakit
bingung golek duit ngurusi barang kejepit

Dadi'o wong sing becik
ojo do sirik opo-opo marai mangkel
mengko malah kowe dadi nggrundel
Tiwas ngalah malah padha ngeyel
mulane kowe manut'o wong tuwo
ojo pisan-pisan kowe neko-neko
Jaman sak iki sithik-sithik metu ragat
urip'e ora tentrem malah kowe dadi njubleg

Mulakna mulakna ra sah dha ngeyel
wong tuwo ngandhani angel
Bola bali bola bali kowe nglarani ati
wong tuamu dadi lara ati
Ngalor ngidul ngalor wetan
aku wis kenthir ora iso mikir
kiwo, kiwo kluwer kluwer

nek rujak mayit lalapane rumah sakit
bingung golek duit ngurusi barang kejepit
nek rujak mayit lalapane rumah sakit
bingung golek duit ngurusi barang kejepit


"Akhir na dapat juga lirik lagu na.....hehehehe"

4 komentar: